PENYULUHAN DEMAM BERDARAH

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Ingkang kinurmatan Bapak Purnomo kaliyan Ibu panjenenganipun Bapak pembimbing ingkang kinurmatan para rawuh sedaya,Ibu-ibu PKK ingkang baga mulya sumangga kula dherekakaen manungku puja miwah ngunjukaken puja puji syukur kanjok ngarsa dalem gusti ingkang maha welas tuwin maha asih ingkang sampun paring kebagas-warasan dhumaten kula lan panjenengan sedaya sahengga kula lan panjenengan saget pepanggihan ing acara penyuluhan DBD, Sadurunge mlebet ing acara inti ,kula matur nuwun saget kanggepanjenengan sedaya ingkang sampun rawuh mugi-mugi penyuluhan DBD niki saget bermanfaat lan paedah tumrap kula lan panjenengan sedaya ingkang rawuh.

Bapak Ibu ingkang kinurmatan kathah sanget tiyang sing kagungan penyakit DBD,penyakit DBD iki disebabake kaleh nyamuk Aedes aegypty,penyakit iku sakniki kan terus nambah pasien penyakit iku mula-mula awake panas banget nganti pirang-pirang dina lan ing mburi mripat kerasa kemeng.

Bapak Ibu tamu undangan lan para rawuh sedaya kepriye carane supaya awake dhewe ora saget kenekan penyakit DBD niku yaiku kita sedaya kudu bisa njaga kebersihan lingkungan nindhakake 3M,yaiku Menguras,Mengubur,lan Menutup.sakliyane niku uga saget kanthi cara pengasapan kanggo mbrantas nyamuk Aedes aegypty.

Dhene pengobatanipun inggih ngunjuk obat kados sampun dipun dhawuhepun dening pihak rumah sakit utawa dokter.

Bapak Ibu tamu undangan sedaya para ibu PKK ingkang bagya mulya mekaten andharan kula tentang penyuluhan DBD mugi-mugi kula lan panjenengan sedaya saget migunakake paedhahepun.menawa wonten lepat anggone kula matur mugi dipun agung pangaksama matur sembah nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

  

No comments:

Post a Comment

Free SMS

Chat Di Sini Ya ^_^

Friends

Follower's Blog

Iklan adsense

Iklan adsense Camp